Saturday, May 26, 2012

Cerita Dan Guyonan Dalam Bahasa Jawa Wayang Sing Paling Kuat

     Sak wijining dino Mas Agung dolan ning warunge Gogon Joss.Sinambi pesen kopi susu anget sak gelas, karo ngomong - ngomong crito ngalor ngidul sinambi chattingan facebook nganggo Laptope Gogon Joss.Bosen Chattingan, ntek - entek'ane Mas Agung nggawe ukoro bethek'an....



Mas Agung  : wayang sak kothak kae sing paling kuat sopo, Lek Gon... hayo ngerti opo ora?
Gogon Joss : Yo Werkudoro to yo!
Mas Agung : Ahh, Salah....
Gogon Joss : Buto sing gedhe dewe!
Mas Agung : salah yow...
Gogon Joss : sing paling kuat yo dhalange nek ngono!
Mas Agung : Ngawur ae, wayang kok malah tekan dhalang barang ki lho...
Gogon Joss : Opo yoo....ngg...katog!
Mas Agung : Sing paling kuat wayang sak kothak kuwi , yo sing ning ngisor dewe...!!!
Gogon Joss : Lho rek iso ki piye, kepriye nalare?
Mas Agung : Kok sih rung mudheng to, Lek Gon!lha wong dewek'e kuwi nyonggo wayang pirang - pirang ngono lho....!
Gogon Joss : Oo alaaahh...iyo yow....!!!
Mas Agung : Ha...ha..ha...!!!

No comments:

Post a Comment