Saturday, May 26, 2012

Cerita Dan Guyonan Dalam Bahasa Jawa Sarkozy VS Sarkawi

Gogon Joss isih kemropok karo Mas Agung soal bethek'an ndhek wingi, niate arep takon meneh, karepe Mas Agung mben ra iso njawab.....



Gogon Joss : Eh, Lek....
Mas Agung : pow....
Gogon Joss : kowe ngerti Sarkozy ra,Lek ?
Mas Agung : ora ki, sopo meneh kuwi....?
Gogon Joss : Iku wong Kalongan, kuliah ning IKIP Semarang...
Mas Agung : maksude...?
Gogon Joss : terus nerusno ning Perancis, ning kono kecanthol karo cewek kono, supoyo kethok Perancise, trus ganti jeneng karo ditambai embel - embel Nikolas...
Mas Agung : Hemmmm.....O...ngerti karepmu aku...
Gogon Joss : trusno pora?
Mas Agung : Brati yo tetep ndwe jeneng asli no, Lek Gon?
Gogon Joss : iyow no...
Mas Agung : lha sopo jenenge asline?
Gogon Joss : Sarkawi
Mas Agung : Hahahahaha....balas dendam

No comments:

Post a Comment