Saturday, May 26, 2012

Cerita Dan Guyonan Dalam Bahasa Jawa Upacara Mantenan

  Mas Agung bali soko dolan gone kancane, mampir ning warunge Gogon Joss.Dasare Mas Agung isih legan, ngepasi ora ono gawean, mesthi kerepe dolan - dolan marani kancane.Ngerti kancane siji iku lagi nglamun, Mas Agung banjur kewethon idene kanggo mbethek'i Gogon Joss koyok biasane



Mas Agung : Heh, Lek Gon...timbang nglamun iki aku nduwe bethke'an anyar meneh..
Gogon Joss : Opo meneh....
Mas Agung : Kowe ngerti karepe upacara temu manten kae, gene kok ndadak nganggo ditemukke barang?
Gogon Joss : opo yow...nganu, supayane mantene gathuk, lan temu rasane, nyawiji antarane lanang lan wadon..
Mas Agung : Wah, yo pinter jebule....!
Gogon Joss : Wong kene kok,...
Mas Agung : Lha iki terusane....manten kae kok ditimbang dipangku bapak'e, karepe piye iku njal?
Gogon Joss : karepe, manten iku podo abote, ora ono bedane anak'e karo mantune, ngono...
Mas Agung : We lha, isonan jebule...!!!
Gogon Joss : Lho piye to?ku kan wis tau nglakoni...nk kowe kan durung tau, mulane takon
Mas Agung : Ngece ik....
Gogon Joss : Wis takon opo meneh?
Mas Agung : Lha terus Kacar kucur kae opo maksude?
Gogon Joss : Wong lanang aweh guno, koyo nafkah marang wong wadon, biso ngayani, ngayomi lan ngayemi.
Mas Agung : Wah...jan pinter tenan kowe,Lek Gon....
Gogon Joss : Aku ki mboh kok....
Mas Agung : Iki sing terakhir, geneyo manten kok terus mangan sego punar?
Gogon Joss : Mantene kroso luwe, terus mangan, ha...ha..ha....
Mas Agung : Wooo....Iki jelas nk ngawur, kumat....
Gogon Joss : Mulakno ndang rabi, ora usah takon - takon wae
Mas Agung :He..he..he..!!!!!

No comments:

Post a Comment